Sunday, November 22, 2009

sejarah tulungagung


Tulungagung milo zaman semanten naminipun kab. Ngrowo. Bukti ingkang kasebut wontening prasasti lawadan ingkang dipun temokaken wonten deso wates kecamatan campurdarat kirang langkungipun gangsal kilo meter saking kuto tulungagung ingkang mapan wonten kelurahan kampungdalem wiwit sakniki. ingkang kaping kaleh pusat pemerintahan tulungagung mapan wonten desa wajak kecamatan boyolangu ingkang kabuktekaken wontene prasasti ngrowo. banjur pusat pemerintahan tulungagung kapindahaken wonten arah kilen eler kuto tulunagung inkang sak niki sedoso kilo meter ingkang mapan wonten kawedanan kalangbret,kauman. bukti lintu sejarah tulungagung dipun kuwataken wontening tombak kyai upas ingkang milo zaman semanten inggih meniko ilat ipun ki ajar mangir ingkang cabang nipun pusoko baru klinting ingkang dados piandel nipun tulungagung.
sejarah bupati tulungagung ingkang sepindahan sesampun nipun sedo dipun makamaken wonten bedalem,tulungagung. ingkang zaman belanda dipun agungaken sanget kaleh rakyatipun inggih meniko bupati tulungagung ingkang kaping sekawan ingkang nami R.M.JAYENG KUSUMA. inkang saget ngusir bongso belanda saking bumi tulungagung.
tulungagung milo zaman semanten terkenal banjir ancari nipun saget mlebet ngantos sitihinggil pendopo kabupaten. kagem ngatasi banjir ancar ingkang kados ngaten meniko bupati tulungagung ingkang milo semanten, zaman jepang mbangun dam niama ingkang mapan wonten besuki ngantos korban arsitek saking monco. sistem ingkang dipun damel saking monco ngantos ngrowok ancolo tembus dhateng segoro kidul. miwit semanten tulungagung sampun mboten misuwur banjir ancaripun.

No comments:

Post a Comment